Red Wine Dinner
rantau 1 muara Teng buku terakhir saking trilogi Negeri 5 Menara niki, Alif kepanggih tiyang estri ingkang benjing-benjing dados garwanipun. Tiyang estri niku nyambut dados wartawan, saged kathah basa, daya ingatipun sae sanget. Tiyang niku kagungan gegayuhan badhe sekolah teng luar negri. Kula ingkang maos buku nika nggih ketularan, kula dados gadhah gegayuhan badhe nglanjutaken sekolah. Boten kedah teng luar negri, nanging teng jenjang ingkang langkung inggil. Utawi boten langkung inggil nanging teng disiplin ilmu ingkang benten kula nggih purun. Bok manawi kula saged gadhah artanipun nggih! Sababipun yuswa kula sampun kathah, raos kula boten gampil nyuwun beasiswa kados Alif punika.
Mar 10, 2014 1:56 AM