Red Wine Dinner
hanacaraka teng web Dinten niki kula badhe mulang caranipun memunculkan aksara hanacaraka teng web. Kaping satunggal panjenengan kedah gadhah font Hanacaraka wonten ing situs cloud. Kula umpamakaken urlipun http://situscloudpilihanpanjenengan.com/asmanipunfonthanacarakapanjenengan.ttf Wonten ing cssipun panjenengan, panjenengan serataken baris-baris niki: @font-face{ font-family: 'asmanipunfontfamilypanjenengan'; src: url('http://situscloudpilihanpanjenengan.com/asmanipunfonthanacarakapanjenengan.ttf') format('truetype'); font-weight: normal; font-style: normal; } .asmanipundivclasspanjenengan{ font-family: 'asmanipunfontfamilypanjenengan'; line-height: 200%; } Aksara-aksara hanacaraka panjenengan awali saha akhiri kados ngoten:
alfabetipun aksara-aksara hanacaraka
Mangke munculipun teng web sampun sajroning rupa aksara-aksara hanacaraka. Niku line height kula dadosaken 200%, sababipun inggih punika supados pangkat kalih pasangan boten tumpang tindih. Asma-asma variabel ingkang sanes saged panjenengan ganti piyambak.
Apr 5, 2014 3:18 PM