dhaharlemper
sri ngical Kula gumuyu banter sanget ningali video ingkang dipun rekam dening The Australian National University (singkatanipun inggih punika ANU). Asmanipun video punika Sri Ngilang, lakon ngagem basa Jawi. Walanda-walanda Ostrali punika sinau basa Jawi teng universitasipun, banjur kagunan ide badhe agawe lelakon basa Jawi ingkang dipun serat dening Pak Guru Dosenipun. Kula ajrih kedah seda gumuyu. Wonten tiyang satunggal ngaturi rencang-rencangipun tiyang sekawan nitih becak satunggal. Gusti, sanajan becak Ngayogjakarta langkung ageng saking becak Surabaya, satunggal becak boten saged ngampu walanda tiyang tiga, napa malih sekawan! Kula sejatinipun boten purun aguyu tumrap tiyang ingkang sinau basa, nanging kula boten kiyat. Boten kiyat, mirengaken basa ingkang dipun damel saking nem-neman kula dipun tuturaken ngagem logat Ostrali. "Panjenengan tresna dhateng Sri to?" "Hor-rrak [boten]!" Nanging kula gumuyu ngantos kemedalan luh nalika George Quinn, Pak Guru Dosen ingkang nyerat skenarionipun lakon niki, ndherek nglaku. Basa Jawinipun Pak Guru Dosen peni sanget! Saha boten mandheg-mandheg, lancar sanget! XD Niki keterlaluan! the disappearance of sri I ROTFL-ed watching the video by ANU - The Australian National University titled The Disappearance of Sri, A Play in Javanese. Apparently some bules were taking Javanese major there and they thought that it might be a good idea to learn by doing, i.e by acting in a play written by their lecturer. I. Can. Die. Laughing. One character suggested that his three friends and him go to someplace by hailing a pedicab. OMG. Even though pedicabs in Jogjakarta (the play's setting) is generally larger than those in Surabaya, I don't think three Caucasians can fit into one pedicab, let alone four! And though I tried very hard to not laugh at people who are learning new languages, I couldn't help bursting into laughter. It's just... hilarious, listening to a language you grew up with spoken with heavy Australian accent. "Do you have a crush on Sri?" "Hor-rrak [no]!" And I laughed till my tears came out when George Quinn, aka the scenario writer extraordinarie, joined the cast. He spoke excellent Javanese! And didnot even stutter a bit! XD This is too hilarious!
Dec 23, 2014 8:41 AM