dhaharlemper
ramen raos keju -- part three (section one) [Note: italki's 2500 character limit made me split this entry into three sections. This is the first section] Kula kalih garwa kula kesah teng Papaya Peken ingkang wonten ing Surabaya badhe tetumbasan. Teng ngriku kula kepanggih tiyang jaler, tiyang niki pasuryanipun kados rencang kula teng universitas. Sajatining niku panjenenganipun punapa boten, kula boten saged tanglet. Panjenenganipun sampun maringi tiyang kasir arta nalika garwa kula tasih teng area ingkang sadean tempura. Nalika kula tasih teng universitas, tiyang niki nate dipun dukani rencang kula ingkang estri. Niki cariyosipun. Rencang kula tiyang estri niki lemu. Panjenenganipun gadhah rencang estri tiyang kalih, kalih-kalihipun langkung kuru tinimbang panjenenganipun. Boten namung langkung kuru, tiyang kalih niku kuru aking. Rencang kula niki klambinipun ukuran 12, rencang-rencangipun manawi boten ukuran 1 inggih ukuran 0. Lha rencang kula tiyang jaler ingkang bok manawi kepanggih kula teng Papaya punika remenipun namung kalih tiyang estri ingkang kuru. cheese ramen -- part three (section one) So my lover and I was shopping at Papaya Supermarket in Surabaya when I saw someone similar to my university friend. Or it was really him, can't be sure about it. I saw my lover eyeing tempura racks and at the same time, probably-friend-from-uni paid for his groceries and leave. Back at university days, this maybe-friend was confronted by a female friend. Here's the story. My female friend was overweight. She flocked together with two girls thinner than her. Okay thinner was a soft word, they are size 1 if not 0 while my friend was size 12. This male friend that I probably encountered later on Papaya had a taste for thin girls.
Mar 24, 2015 1:20 AM
Corrections · 2
Section three is here: http://www.italki.com/entry/537063
March 25, 2015
Section two is here: http://www.italki.com/entry/536617
March 24, 2015
Want to progress faster?
Join this learning community and try out free exercises!