dhaharlemper
3500... Rencang kula tindak Bali. Panjenenganipun sampun pinten-pinten dinten liburan teng ngrika nalika wonten tiyang walanda tanglet tiyang ngrika, kados pundi caranipun dugi teng panggenan sanes. Sanjangipun rencang kula, tiyang Balinipun mangsuli manawi tiyang walandanipun kedah nitih bis, panggenanipun tebih, ongkosipun bis inggih namung tigang ewu gangsal atus rupiyah. Nanging tiyang walandanipun boten purun, milih mlampah kemawon. Wiwitanipun rencang kula nginten walandanipun cethil, tigang ewu gangsal atus rupiyah niku manawi dipun agem tumbas dhaharan teng Bali boten saged. Nanging panjenenganipun banjur pirsa, saged kadadosan manawi tiyang walandanipun kala wau boten kepireng tembung 'rupiah'. Ongkos bis tigang ewu gangsal atus dolar, nggih awis sanget! 3500... My friend went to Bali for vacationing. He has stayed a few days there when he witnessed a Caucasian tourist asking a local man how to go to a particular place. He told me that the local suggested the tourist to take a bus, for the distance is not very close and the bus fare is only 3500 rupiahs. But the Caucasian decided to walk to his destination instead. At first my friend thought "What a stingy tourist, 3500 rupiahs couldn't even buy you a meal in Bali," but then he realized that the Caucasian tourist must've missed the 'rupiah' part, it's possible that he thought the bus fare was USD 3500!
Aug 10, 2015 7:35 AM