lapangan angker
Mbiyen sadurunge aku SD, aku lan kanca-kanca padha seneng dolanan bal-balan. Nanging amerga ing desaku kuwi durung ana lapangan, yen arep menyang lapangan aku lan kanca-kanca kudu mlaku kira-kira 1,5 km.
Kanca-kanca akhir’e padha kerja bakti agawe lapangan seminggu pisan saben minggu. Nanging kanca-kanca ora ngerti seng gawe lapangan mau nggone angker. Sawise pirang-pirang minggu lapangan kuwi mau dadi lan sing dolan ing lapangan kuwi akeh.
Dina kuwi aku, Adi, Indra lan Syarif dolan ing lapangan kuwi nganti sore lan ing kono uwis sepi. Sanajan uwis sepi aku ngejak bali marang kanca-kanca nanging ora ana sing gelem. Aku omong –omongan karo Adi “Di, iki uwes sore arep bali apa ora?” “mengko dhisik to ngenteni kanca-kanca rene.” Sawise kuwi aku, Adi, Indra lan Syarif ngumpul sanajan arep bali.
Teka-teka ana suara aneh saka mburi uwit gedhe cedhak lapangan. Banjur Syarif ngomong karo aku “Yan, mau kae suara apa? aku wedi iki.” “Aku yo ora ngerti rif.” Saking wedine syarif ngompol lan merinding. Indra weruh putih-putih mlumpat-mlumpat nanging ora jelas bentuk’e. ”Yan! Kae mau putih-putih apa?” “Ning ndi to ndra? Aku ora weruh.” Putih-putih mau nyedakki terus karo mlumpat-mlumpat. Teka-teka ning mburi ana sing njawil Adi, banjur aku lan kanca-kanca padha madep mburi. Pas madep mburi jebule sing njawil Adi mau pocong. Aku lan kanca-kanca mlayu jerat-jerit amarga wedi.
Sawise kedadeyan kuwi lapangan ora keurus kabeh bocah-bocah padha wedi dolan rana maneh.

Share:
Corrections
No corrections have been written yet. Please write a correction!
Write a correction
Please enter between 25 and 8000 characters.

0 comments
Please enter between 0 and 2000 characters.