Red Wine Dinner
lisah wangi -- part two Kula boten enget, lisah wangi kula ingkang kaping satunggal niku punapa. Manawi sanes Tommy Girl saking Tommy Hillfiger nggih Charlie White saking Revlon. Inggih, kalih-kalihipun ambetipun boten eco, nanging kala niku kula namung siswa, boten gadhah arta kagem tumbas lisah wangi. Charlie White punika kula tumbas saking rencang kula sampun anggen, dados reginipun saged mirah. Kala ambal warsa ingkang kaping pitung welas, kula dipun paringi Tommy Girl kalih rencang-rencang kula tiyang kalih dasa. Panjenengan boten klentu maos, saestu tiyang kalih dasa, sababipun kala punika rencang-rencang kula inggih namung siswa, sami boten gadhah artanipun. :D (Nyuwun sepuranipun nggih rencang-rencang sadaya, manawi panjenengan maos blog kula, panjenengan sampun maringi nanging kula sanjang ambetipun boten eco...)
2014年7月12日 22:05
修正 · 3
1
該內容違反了《社群規範》。
2014年7月13日
Matur nuwun Mbah...
2014年7月13日
該內容違反了《社群規範》。
2014年7月13日
想進步快一點嗎?
加入此學習社群,來試做免費的練習吧!